Kadang Aku Yo Bingung Opo Karepe

Tiap hari aku nulis gak jelas parane, ga jelas isinya dan kadang Aku Yo Bingung Opo Karepe. Ngalor ngidul,  ora jelas jluntrunge. Sepurani yo rek, pancen aku iki wis tuwo, dadi timbangane ga ono sing di tulis, yo nulis sak kepenake dewe.

Meneng memeng nulis lagu kangge Gus Dur, untung beliao wis Sedo, saumpomo urung sedo mungkin aku yo didukani, iso kualat aku iki, sepurane Gus, mugo mungo mengko nek kulo mati saget ketemu lan  guyonan kalian panjenengan wonten Surgo (amin 33x).

Wis 6 wulan lebih aku ora buka buka nginternet, eh tibake donyo wis berubah kabeh, ono Sel Tahanan  mewah (masi mewah yo ra enak to rek jenenge ae Tahanan, ukuman, mending dati wong biasa ae), ono bapak Anggodo, ono Angket bank Century, ono usulan pahlawan Nasiona, malah ono W purbo. Pokoe rame banget, sampe bribenen kupingku (weleh2).

Wis 6 ulan aku ora update blog saiki PR ku anjlok dadi 2, Adsenseku yo mudun, tapi nek tak delok nang mas Raden Cosa Aranda, tibake rame banget, tulisane anyar anyar lan apik apik. Sampean sing pingin belajar Nginternet marketing (dodolan nang internet) moro o nang blogke Raden www.cosaaranda.com.

Tapi Ono maneh, gerombolane Kang sing Ngetop Joko Susilo, Weleh saiki wis akeh sing coba madani sugihe, ono mesin uang, ono cek duit otomatis, ono kaya mendadak, ono opo wae sing nekakno duit cuepet , gawe web sing isine manas manasi wong mlarat koyo aku iki. Di duduhno gambar rumah mewah, mobil mewah, Tabungan bank sing sak dayak isine tranferan. Kok iso yo mas Joko Susilo, Pinter tenan sampean mas Sus, mugo mugo aku lan sing moco tulisan iki ketularan sugeh koyo sampean, amin 33x.

Terus aku dewe yo opo yo?

Ya wis terusne malaku ae, sak enake udelku dewe, kekekeke, mugo mugo aku yo iso ketularan karo master master sing pinter ikut, ben katut sugih, ben iso pamer (waduh), ben arek arek sing ndelok aku kepincut terus melok aku. Waduh iso salah dalan kalau melok aku. Ojo rek melok sing bener ae, aku tak mlaku dewe,  ojo mbok tutno, iso rusak dalan sampean.

Soale aku seneng urip ning ndeso, dadi petani, syukur nek iso dati petani sing sugih, baik sugih bondo, sugih amal, sugih konco, lan sugih opowae sing apek apek.

Wis rek nggedabrusse tak lereni sak mene wae, sepurane sing akeh nek salah omong, salah nulis, mugo mugo sampean akeh amale, akeh duiwite, akeh pangapurane. Ojo kapok kapok yo dolan mrene…..

Hasil pencarian untuk artikel ini:

bisnis opo yo (3), bisnis opo kok bingung (1), opo karepe (1), opo wae ono (1), opo yo aku iso (1), yo opo sih karepe ? (1)
You can leave a response, or trackback from your own site.

8 Responses to “Kadang Aku Yo Bingung Opo Karepe”

  1. Miftahur says:

    Amiiin Amiiin Amiiin
    Matur suwun Mas donganipun… :)

    Tulisane apik-apik… Di Update terus yow Mas… Tak ikuti blog e sampean… Masio jarang komen, tapi artikele sing tak woco uakeh Mas… :D

    Suwun…

    Reply

  2. khotib says:

    Dunyo pancen wes brobah kabeh Pak Mintar, tapi ne brobah apik ngak opo2 tapi ne brobah elek akhlake ojok sampek, ibadahe yo ngono ne iso luwe apik soko wingi kanggo sangu mati.. waduh kok malah ngomong mati, takuu…t blm siap anak oke.. esek cilik cilik.

    Reply

  3. sarimin says:

    karep mu opo?…. jaluk rabi maneh pie?

    Reply

    sumintar reply on January 12th, 2010 08:27:

    Weleh opo maneh iki, gak melok melok aku rek.

    Reply

  4. dangdut says:

    aduh… bahasa asli nya pakde keluar juga… ngak ngarti… tapi ikutan Amin…Amin…Amin…

    Reply

  5. budiono says:

    wah wah wah… kalo joksus kayaknya ndak perlu ditiru kang, kalo cosa jalannya sudah ngalor ngidul gasak kanan gasak kiri, seperti sudah kehilangan arah dan tujuan.. [makin gak fokus n makin gak mutu nek menurutku]

    mendingan belajar terus ke guru-guru baru, siapapun itu, entah pemula atau master, dari semuanya bisa diambil pelajaran berharga..

    Reply

  6. oalah pakdhe, pean iki tibakne podo karo aku, podo wong ndesone. cuma bedone pakdhe sumintar piter golek duit ndik internet, aq isik drg. pengen blajar karo pakdhe.

    Reply

  7. iphud says:

    nuwun sewu pak… sami2 bngung carane nulis cek e apik piye… tambah sue tambah ra karu2an ngblog e….. :D

    Reply

Leave a Reply

reverse phone lookupTattoo DesignsSEO