Sinau Boso Jowo

Iki boso ngawur, aku wis lali coro nulis boso jowo sing bener. Iki aku tulis supoyo aku adil, soale wingi nulis sinau boso inggris, terus saiki tak cobo nulis boso jowo. Iki aku lagi sinau, nyuwun duko ajo diseneni loh, nek salah kabeh.

Aku iling 30 tahun kepungkur, wektu aku isih lungguh ono bangku SMP, ono SMP Negeri Semboro Tanggul Jember. Elek-elek ngene nilaiku boso jowo oleh songo alias sembilan. Loh tapi opoko saiki kok boso jowoku murat-marit koyo gabah di interi, muter ngalor ngidul gak karuan parane.

Nek gak salah waktu iku Asmone guruku bapak Karno, salam saking murid panjenengan sing ngawur iki. Aku waktu ikut iling panjenjenengan ukum soale, maringi conto karo konco dolananku Asli Supanan arek soko Semboro kendalan. Yok opo rek salak’e opo isih gembel dan enak. Sampean saiki wis duwe putu piro.

Halah, omong opi iki, tapi gak usah kawatir lan sumelang, dijamin boso jowoku iki orang dobel dobel alias duplicate content. Dadi ora diseneni karo google.com mesin nggoleki sing pinter iku.

Aku tak mandek nang kene ndisek yo. poro konco-konco sing pinter-pinter. Ketemu maneh……

Salam sukses soko Petani Boso Jowo,

Mugo mugo jembar dalane, padang kubure, hehehe mbakrak maneh iki, urung mati iki pak De…

Hasil pencarian untuk artikel ini:

boso jowo (108), sinau (84), berita boso jowo (62), sinau boso jowo (52), artikel boso jowo (36), unen unen jowo (24), Ucapan lebaran kromo inggil (12), pinter boso jowo (4), sinau boso jawi (2), unen-unen boso jowo (2), Tulis boso jowo (2), conto berita boso jawi (2), berita bosojowo (2), brita boso jowo (1), aplikasi untuk boso jowo kromo ? yahoo answer (1), unen unen jawi (1), unen boso jowo (1), berita boso jawi (1), berita boso jowo kromo (1), berita terkini boso jowo (1)
You can leave a response, or trackback from your own site.

15 Responses to “Sinau Boso Jowo”

  1. Diah says:

    Wah saget nomer setunggal …hehehe..Matur sembah nuwun p.guru , dipun paringgi wektu ndamel ngomentari nipun….:D

    Reply

  2. persikers says:

    nomer kalih kulo :D

    jember puniko mboten ndamel boso meduro ta? :D

    Reply

  3. wah, nuwun sewu, seratan punika sae sanget, pak sumintar, mratelakaken bilih basa jawi punika tasih gesang. kula radi sedih rikala wonten unen-unen “eong jawa kok ilang jawane”. waduh, mugi2 sampun ngantos kedadosan saestu.

    Reply

  4. rudyahud says:

    wah…nembe ngendikakne boso jowo nggih??kromo inggil kulo mboten lancar kados pak sawali, tapi lumayan sekedik-sekedik saged….oh nggih, niki teng Solo benjing tanggal 23 July wonten kirab budaya…mbok bilih wonten wekdal monngo badhe mirsani sesarengan kalih kulo….AMIN…hehehee

    Reply

  5. Menawi kulo namung kesasar dugi mriki pak Sumintar, dados mboten bade criyos kathah, mbok menawi wonten wekdal monggo kulo aturi mampir dateng gubuk awangan alias blog. Matur nuwun… maos tulisan pak Suminar kok kulo kepingkel pingkel piyambakan meniko..

    Reply

  6. waduh nyusun sewu alamate gubuk klintu, kulo benerke nggih, niku wau nyasar dateng gubukipun tiyang sanes

    Reply

  7. Homepage says:

    Awesome collection!

    Reply

  8. Home says:

    Nice to have met you Saturday =)

    Reply

  9. Homepage says:

    its really informative post from you.

    Reply

  10. URL says:

    You are welcome!

    Reply

  11. krupukcair says:

    aku yo pernah nulis nganggo boso jowo, nggonku luwih parah. ngalor ngidul gak karuan…

    Reply

  12. weh iki senior aq ning smp 4 tangggul semboro kali ya.. salam…

    Reply

  13. Trump Are you, him what he?Really makes a, transforming everything in.Example In Firefox, A licensed assistant.Come with ocean best hosting sites, soul may have much more motivated.To remain asleep, characteristics Allow sheared.,

    Reply

Leave a Reply

reverse phone lookupTattoo DesignsSEO